Read more: http://ariefbudiyantoo.blogspot.com/2013/02/cara-membuat-tulisan-berjalan-mengikuti.html#ixzz3SBgISGvm

Rabu, 18 Februari 2015

NASKAH PIDHATO BASA JAWA


  • Atur Pangiring
          Puji syukur dumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, kagem sedaya nikmat lan rahmatipun. Kula ughi ngaturaken maturnuwun sanget dening Bu Ramini. Ingkang sampun maringi kula bimbingan. Saenggo kulo saget ngrampungaken naskah pidhato Basa Jawa ingkang gadah irah-irahan ”Kenakalan Remaja”.
          Ngrumaosi manawi isi naskah punika taksih tebih saking sampurna, pramila pangimpun ngajeng-ngajeng saget kersa para pemaos paring sumbang surung pamanggih amrih ndadoske kasampurnanipun.
          Wasana, mugi-mugi naskah pidhato Basa Jawa punika saged gadhah manfaat, lan ugha saged dados bahan pembelajaran dening siswa-siswi SMP Negeri 1 Cluring.



  • ISI PIDHATO 
Sugeng injing, berkah dalem.

          Katur dumateng ingkang kinurmatan Kepala SMPN 1 Cluring. Ingkang kinurmatan Bapak/Ibu dewan guru SMPN1Cluring. Ingkang kinabekten Bapak Misnan lan Bu Ramini selaku guru Basa Jawa lan uga rencang-rencang ingkang kula tresnani.
          Monggo kita ngaturaken syukur dhateng Gusti Ingkang Maha Esa, ingkang sampun maringi nikmat lan karunianipun supadhos kita saget rawuh sareng-sareng ing dina ingkang berbahagia niki.
          Ing wedal samenika kula badhe ngaturaken babakan                               
 “ Kenakalan Remaja “ ing warsa kaleh ewu gangsal welas menika.
          Rencang-rencang ingkang kula tresnani.                                                                     
Kita ngertos lan nyadari sakniki kathat polah tingkah negatif utawa menyimpang para remaja. Punika  masalah sosial ingkang njangkit para remaja ingkang asring kasebut “ Kenakalan Remaja ”
          Sakanane ingkang nyebabake kenakalan remaja macem-macem. Bisa akibat saking keluarga ingkang pisahan, kirange perhatian tiang sepuh, mboten saget milih lan milah rencang/lingkungan pergaulan.
          Wonten kathah sanget macem-macem panggawean  menyimpang remaja kayata balap liar, ngrokok, ngonsumsi miras utawa narkoba. Sing awale mung nyoba-nyoba saget ndadosake kita ketagihan. Lan niku dianggep lumrah kalih para remaja malah wonten ingkang nganggep niku kupados bab kang nyengsemaken.
          Rencang-rencang ingkang kula tresnani.                                                                          Monggo kita milih lan milah lingkungan lan rencang-rencang pergaulan sacara selektif. Supadhos kita mboten terjerumus ing pergaulan ingkan mboten sae.  Matur nuwun. Sugeng injing.


  • PANUTUP                                                                                                     Puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Pangeran, amargi naskah pidhato punika sampun saged kula rampungaken lan sampun dipun waos kalian kanca-kanca. Mugi-mugi sedaya ingkang sampun maos saged tambah pengetahuanipun. Cakep sementen atur kula. Mbokbilih wonten kalepatan. Nyuwun pangapunten ingkang katah.                      


Tidak ada komentar:

Posting Komentar